Telek Spam Ngebak-i Buku Tamu

Sori bosone rodok jorok... (sing mudeng boso Jowo). Tak sawang-sawang jebule blogku kerep di teleki...
Tonton wae ning buku tamu "Jejak Teman2 Ku"... 
ki lho screenshoote... link-e sak RT... tp IP ne siji... jan nggilani ...

(untuk cek no IP di c-box : log in di c-box, klik messages > messages)

Wholulas link... (boso Banjarnegara) mung sak IP. edan to kui... umpomo mung loro sih ijek mending... tapi nek sak ndayak ngene tetep tak anggep spam.
Spam ngene podo wae namu tapi nggowo bojo, anak, puthu, buyut lan tonggo-tonggone... bendhino sisan. Mbok nganggo unggah ungguh, tepo sliro sithik...

Gak ngerti maksute opo si spamer iki... nelek sak nggon-nggon... pancen nek akeh sing nelek perlu di c-box-in... alias ngaktifke re-capthca.... gen meminimalisir spam sing sok nelek....

 (aktifkan re captcha : log in cbox> options > posting options > centang require CAPTCHA > save)

0 komentar:

Posting Komentar

Related Posts with Thumbnails