Sue Ora Jamu godong Blogger

Sue ora nge-blog
Nge-blog ora sue
Sue ora nge-blog
Nge-blog pisan ora sueeeeee....

Lagi streeessss.... kakean gawean... kabeh numpuk ning akhir tahun. Ngeblog ke dadi kether...
Awal Desember nganti saiki kok durung rampung2. Koyo-koyone kok percumah do netapke anggaran triwulan siji, loro, telu. Ending-endinge do nglaksanakke lan nyairke ning triwulan papat alias Desember kabeh. 

Bayangke... ngrencanakke kegiatan wis setahun mbiyen... trus dilaksanakke ning Desember, mung rong minggu garapan rampung... yo trotoar, taman, gapuro, rehab gedung lan liyone... trus bentuk e piyeeeee...

Kono kari ngetung batine tok... lha kene... bagian pekathik... isone mung cengar cengir nyawang ongkooooo ning monitor plus kertas sak tumpuk... drijine nganti kriting...
wah tepate APBD kui : Anggaran Pendapatan Bulan Desember....

sing ra mudeng kamsutku gak perlu komen yo gak po2

Mugo2 atasanku ora moco tulisanku iki wkkkkk

2 komentar:

mas bugie mengatakan...

huagagagag....ga usah digawe mumet mas, ngeblog kuwi kan mung gawean nggo ngisi waktu tok tapi nek waktune ra nduwe yo piye neh...

Yuli Panca mengatakan...

he2... bener juga yo mas... lagian blogku isine mung nggambus tok...

nek masalah gawean... tak pikir2 wong tuo mbiyen bener... Desember (derese sumber) alias deres banget sumber gaweane... wkkk...

Posting Komentar

Related Posts with Thumbnails